"The truth not justification"

"KEBENARAN BUKAN PEMBENARAN"

KITAB PERJANJIAN PUNGKASAN BADHE ENGGAL DIBUKA

Paramartir Ministry ingkang pikantuk Wahyu saking Nabi Elia, sasampunipun seda sawetawis wekdal kepengker. Urip malih amargi dipun tagih déning Gusti Yesus Kristus babagan nadzar ingkang naté dipun ucapaken nalika taksih kelas 3 SD.

“Apa kowe gelem mbayar nadzar mu?”

Nadzar ingkang isi mbongkar sedaya kabbohongan ing donya. Panyesat, nabi palsu, agama sesat. Nadzar ingkang tegesipun menawi dipun lampahi badhe damel dampak global.

Amargi semesta kemawon tumut nengga dhawuh saking tiyang sing mbayar nadzar. Amanat agung.

Paramartir Ministry badhe ngungkapaken bilih badhe enggal mbukak kitab perjanjian pungkasan, sasampunipun sawetawis taun pergunjingan antawisipun tubuh – roh – jiwa – daging berseteru kangge fokus nindakaken nadzar ingkang saestu awrat menika kanthi cara manungsa nanging entheng menawi dipun lampahi kanthi iman.

Kangge menika, sedaya tiyang ingkang durung/ora pracaya Roh Kudus iku Gusti ing pungkasan jaman niki supados enggal mratobat saking akal pikerane piyambak. Amargi Roh Kudus piyambak ingkang bakal nuntun saben umat manungsa marang pemurnian sasampunipun dipun slametaken liwat salib Yesus Kristus.

Amargi slamet dereng ateges urip langgeng ing surga. Slamet namung dugi telpon/panggilan pungkasan yaiku dina pengadilan. Nalika siji mbaka siji asma dipun waca kangge dipun pilih tumut mlebet ing tahta kamulyanipun ingkang suci.

Lan sing ora kapilih, Bakal mlebet ing penyaringan ujian pungkasan. Ing ngriki menika jaman saking sedaya jaman, ingkang durung tau ana dados wonten.

Ingkang menawi saged lolos dugi ambegan pungkasan tanpa ngiyanati badhe lolos urip kebak kamulyanipun.

Gusti Allah pancen boten jahat lan sadis. Nanging tegas, amargi Panjenenganipun ingkang Maha Suci & Maha Mulia. Surga iku panggonan sing resik tanpa dosa lan noda.

Pramila Adam & Hawa ingkang namung nedha woh kedah dipun eksekusi mati (kabuwang saking surga).

Arta persembahan, perpuluhan, sedekah, boten saged mundhut tiket marang surga.

Gusti Allah boten saged disogok lan disuap kaliyan arta haram asil korupsi lajeng maringi tedha randa lan anak yatim. Amargi Gusti Allah boten butuh samubarang ing donya kejawi ati manungsa sing suci & resik.